Sabtu, 20 Juni 2009

Generasi Enom Sing Ora Bener

Kedadean kiye tak alami neng nyong pas lagi mangkat maring Jogja. Sekang Sempor, nganti Purworejo. Ya, bocah-bocah SMA sing nembe pada lulus pada polah ora bener. Klambine dipiloki, nek ora, ya rambut karo awake sing dipiloki. Ujar-ujare ngesuk klambine ora dinggo maning pa? Esih ana cap 3 jari, esih ana tanda tangan STTB, esih ana acara perpisahan lan liya-liyane. Neng nyong, bocah-bocah mau tak anggep ra duwe utek alias utek urang! Ya mending nek polaeh mung kaya kuwe tok. Lha neng ndalan, gole nunggang motor? Jan,wis kaya dalane mbaeh dewek! Pecicilan ora nggenah karo ngagang-ngagangi kendaraan sing kang ngarepe. Terus ora pada heleman maning! Ya melasi sing kang ngarep, apa maning nek ibu-ibu sing dikaya kuwekna! Sing tek gumuni, polisi ya langka sing gerak. Mbok ya dicekel pa ditilang kaya kuwe lho..

Nyong mung teyeng ngelus dada tok. Jan,keprimen negarane dewek teyeng maju nek esih ana bocah-bocah sing polaeh pada kaya kuwe. Sekrasane nyong,sebejat-bejate pas SMA,ya ora nganti polah sing kaya kuwe lah (nek sing ngerti). Ana buktine,tapi arep ora tek omongna. Go pak guru karo bu guru, nyong nyaranaken, taun ngarep jajal ya, aja nganti ana kedadean kaya kuwe maning! Diwei ukuman lho go sing pada polah kaya kuwe. Ben tertib. Seneng olih sebab bar lulusan,tapi carane ora kaya kuwe! Mandan diatur sitik lah..

Cekap semanten, moga-moga taun ngarep ora menangi kedadean kaya kuwe maning. Amin..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ayat-Ayat Tentang Riba

Assalamu'alaikum.. Alladzina yaa kuluunarribaa laa yaquumuuna illaa kamaa yaquumulladzii yatakhobbathuhusyayaithoonu minalmassi, dzaal...